Pergaulan Bebas Jaman Siki

Sabtu, Maret 12, 2011

Jen...wis suwe ora mudik, mudik pisan jebule neng kene akeh 'kecelakaan'. Kecelakaan sing tek maksud udu kecelakaan kendaraan utawa musibah liane, tapi kecelakaan sing dialami dening bocah enom dalam pergaulan sedina-dinane antar lawan jenis. Bocah sing mestine kon nuntut ilmu jebulane malah kebledhugan, akibat pergaulane kebablasan. Akhire masa depan sing diwanti-wanti malah rusak gara-gara perbuatane dhewek. Ngisin-isina banget maring wong tuwane.

Pancen bocah sekolah jaman siki kuwe pada ora ghelem ketinggalan jaman, wedhi mbokan diarani 'ora gaul' jere. Tapi paraeh, akeh bocah sing pada keblinger salah kaprah ngartikna kata 'gaul' kuwe. Jerene nek bocah ora udud, ora mabok-mabokan, rambute ora bujig, ora duwe pacar diarani ora gaul. Apa arane ora keblinger kuwe?


Kabeh mau jan-jane tergantung karo lingkungan, mula kuwe kudu ati-ati olih nggolet kanca. Jaman siki, nggolet kanca sing kur nggo seneng-seneng thok kuwe gampang, tapi angger ngolet kanca sing bener-bener bocah sing bener kuwe angel. Nggelet batir kuwe aja mung ndeleng njabane thok, njerone be penting, masude atine, apik apa ora. Angger pancen ora apik ya aja dipereki, mbokan ko malah ketularan ora apike.


Bocah enom kaya penginyongan lan ko pada kuwe biasane lagi seneng-senenge duwe pacar. Nek sebatas kur seneng-senengan tah ya esih wajar, sing penting esih lawan jenis. Ngetan ngulon, ngalor ngidul, pokoke ngendi bae ya ora gelem pedhot karo pacare. Tapi sing dikhawatirna udu kuwe, bocah wadon jaman siki, angger wis seneng ya wani ngaweh apa bae sing bisa diwehna maring pacare kuwe, termasuk sing kudune dijaga butul mbojo. Mulane ko pada kudu bisa njaga awake dewek. Senajan ko seneng banget karo pacare, tapi aja ngasi ko ngrusak awake dewek. Mbok rugi dewek. Angger nembe pacaran kuwe aja wani-wani ngaweh apa sing kudune dijaga nggo bojone mbesuk. Aja nglarani wong tua, iloken ora melas??!! Sing wajar-wajar bae. Nek pacaran ora tahan, ya mendingan diajak mbojo bae kuwe pacare, dadi ora gawe susah wong mbok??!!


Kabeh mau pancen terserah ko pada, ko dewek sing nentukna masa depanmu dewek. Sing apik...ya ko ora usah macem-macem disit angger urung lulus sekolah. Utamakna disit sekolaeh, nggolet kanca pancen olih, tapi ya kuwe mau, kanca sing bener. Sukur pisan sing bisa nggawe wong tuwamu bangga. Njajal...melu seneng apa ora angger wong tuwamu seneng???


Cukup semene disit ya tulisanku, mudah-mudahan bermanfaat. Kapan-kapan disambung maning.


Maturnuwun.


Baca juga

2 komentar

Featured Post

Catatan Hati Seorang Pengendara Sepeda Motor

Hampir lima tahun sudah saya menjadi pengguna setia jalanan di Jakarta, hampir lima tahun juga saya mulai membiasakan diri untuk menik...

Like us on Facebook

Ads